Daftar Blog Saya

Minggu, 11 Mei 2014

geguritan



Geguritan :
 
Umahku

sakane  digawe sekang kayu
tutup pinggire tabag kurang paku
payone sekang janur sing diwiru
sing penting kena nggo ngaso karo turu

neng kono aku manggon karo bojoku
anaku wis telu
bagus-bagus lan ayu-ayu
persis kaya aku karo bojoku

neng ngarep umah ana wit waru
angger awan nggo dolanan anaku
angger wengi  nggo pranti kerah asu

umahku adoh sekang gili
durung ana listrik apa maning tivi
aduse kudu maring kali
paling-paling sedina ping siji

tentrem rasane manggon neng umahku
senajan sedina ora mesti nyekel duwit sepuluh ewu
sebab ngodene ndadak nuthuki watu
kanggo samben sewise ngrumat sawaeh mertuaku

tujuan uripku mung siji
urip mukti tekan sowan ngadep Gusti sing maha suci
nggolet rejeki sing diridloni
adoh sekang  pungli, manipulasi apa maning korupsi
ora perlu emosi ora perlu  demonstrasi
urip nrima paringe Gusti
ngenteni tekane pati sing wis mesti

Ajibarang , 13 Februari 2013
Kaserat dening Mardiyanto,S.H.