Daftar Blog Saya

Kamis, 28 Januari 2016

Jajanan asli Banyumas
Kupat kapen empal jasiyem gorengan kipuk nyamleng ranjem walem bintul nuji ewa-ewa . Kuwe mau dudu donga dudu mantra tapi pangucape wong Ajibarang tahun 70 an angger kepengin mangan enak . Cara siki basa kerene kuliner. Esuk-esuk angger wis nyanding kupate mbok Kapen sing mendul-mendul lawuh empale mbok Jasiyem sing bumbune luged ditambah gorengane mbok Kipuk sing kemriyik jan rasane nyamleng apa maning ditambah ranjeme mbok Walem karo bintule mbok Nuji jan kuwe jenenge istimewa.
Jaman semono anane panganan enak ya mung kaya kuwe , nek bocah jaman siki ditawani ranjem utawa bintul wis ora mlirik . Bocah siki malah wis ora kenal panganan asli daerahe dewek . wis ora pada ngerti sing jenenge blendung, kepok, cenil, inthil, awug-awug, cingkig, randakirab. ora kenal jajanan lopeng, ondol, dampleng, gembus, cantir, rangin , kamir, clorot, carabikang, untir-untir, golang-galing, selerane wis pindah luar negeri kaya panganan Cina yakue Bakpao, Bakso, Mie Ayam, Siomay, Capcai utawa panganan Eropa kaya Kentucki, Burger, Donat, Sosis, Nuget. Jajanan asli daerah Banyumas wis ora dikenal neng masyarakat Banyumas apamaning kon dadi klanenan .